SHUT UP

Pages

Rabu, 14 September 2011

dinten riyaden

Idul Fitri (Basa Arab: عيد الفطر ‘Īdu l-Fiṭr) iku dina riyaya umat Islam sing tiba ing tanggal 1 Syawal jroning penanggalan Hijriyah. Amarga cara netepaké tanggal 1 Syawal sing didhasaraké marang perédharan rembulan kasebut, mula Idul Fitri utawa Dina Riyaya tiba ing tanggal sing béda saben taun yèn dideleng saka kalèndher Masèhi. Cara nemtokaké tanggal 1 Syawal uga béda-béda, saéngga bisa ana sebagéyan umat Islam sing mahargya ing tanggal Masehi sing béda. Ing Indonésia, pamaréntah minangka sing kawogan nemtokaké tanggal 1 Syawal saben ngadhepi wektuné nganakaké pasamuan sing diarani sidang isbat, Sidang mau dirawuhi déning para pejabat saka Kamentrian Agama, Majelis Ulama Indonésia, wakil-wakil saka organisasi massa Islam, lan para wakil negara sahabat.
Ing tanggal 1 Syawal, umat Islam kumpul wayah ésuk lan ngayahi Shalat Ied bebarengan ing masjid-masjid, utawa ing lapangan yèn kahanan ora udan. Béda karo ritual Shalat Iedul Adha sing kudu pasa dhisik nalika budhal menyang papan panggonan shalat, jroning shalat Ied iki malah disunnahaké sarapan dhisik sadurungé mangkat .
Sadurungé diwiwiti shalat Ied, biyasané imam ngélikaké tumrap sing durung nglaksanakaké bayar zakat fitrah. Wates wektu bayar fitrah ya iku sadurungé ngayahi shalat Ied, déné sing telat lan lagi bayar sawisé shalat Ied bakal diitung minangka sedekah biyasa.

0 komentar:

Posting Komentar